Minggu, 02 April 2017

LYRICS PENDHOZA – AKU CAH KERJO

PENDHOZA – AKU CAH KERJO


Bebasan nunggu mongso rendeng
Anggonku leh ngenteni kowe
Wis ono sesasi
Genep dino iki
Mas yen pancen tresnaku iki
Mbok anggep ra ono gunane
Aku ra kuciwo
Lan aku ra lor.

Dek lungaku ra teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo
Keloro loro
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono
Wanito liyo
Kowe ra sah sok mutusi
Aku ra neng ngendi endi
Aku lungo
Amung nggolek rejeki

Pangapurane awakku ra tau nyanding sliramu
Mergo tuntutan kerjoku nganti ora duwe wektu
Wektu kanggo ngancani ugo ngeterke nyanyi
Kowe kudu ngerti lungaku nggolek rejeki
Dongakke lakuku ngayahi kewajibanku
Senajan abot kanggomu nanging kuatno atimu
Wis dadi kahanan aku lungo adoh paran
Ora bakal kelit ra nyanding wedokan liyane

Dek lungaku ra teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo
Keloro loro
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono
Wanito liyo

Ojo keloro loro lungaku ra teges cidro
Opo meneh nganti mikir aku wis ora tresno
Yo mung kowe sing tansah ono ing njero dodo
Ra ono tresno liyo mergo aku tansah setyo
Kudu percoyo tresnaku iki mung siji kowe
Wani sumpah mati neng ati raono liyane
Janjiku tak buktekke ora mung ono lambe
Tunggunen baliku bebrayan tekane sak lawase

Dek lungaku ra teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo
Keloro loro
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono
Wanito liyo

Kowe ra sah sok mutusi
Aku ra neng ngendi endi
Aku lungo
Amung nggolek rejeki

Anggonku ngabari yo mung liwat bbm-an
Kadang sinyal angel marai dadi penghalang
Ning yo kudu sabar ora usah nggo nesunan
Mergo tresno kuwi mestine akeh pacoban
Sing tak jaluk kowe ojo nganti ilang roso
Senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo
Jembarno atimu sak jembaring laut samudro
Kowe kudu ngerti yen aku iki mung cah kerjo

Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah biso nunggu
Tak kuatne atiku
Tanpo sliramu
Mas nadyan kowe lungo kerjo
Sing tak jaluk kowe tetep setyo
Ojo nganti kegodha
Wanito liyo


Sabaro aku yo mung cah kerjo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar